You must have JavaScript enabled in order to use this theme. Please enable JavaScript and then reload this page in order to continue.

Sistem Informasi Desa Padaharja

Kec. Kramat, Kab. Tegal, Prov. Jawa Tengah

KULINER BANDENG BAKAR SAMBEL MENJENG


KULINER BANDENG BAKAR SAMBEL MENJENG

Yuh sapa sing durung ngerti yen ning laut soka padaharja ana kuliner sing sejen seka laut laut liyane...?

Sedulur, pecinta iwak mesti demen keh sing arane iwak bandeng, ya senajan akeh erine tapi yen di bakar tetep katone sedep nemen yah, apa maning mangane ning pinggir laut di cocol sambel menjeng, sedeporrrr mestine, apa maning mangane karo tarok e ning pingiire... hilihhh kayong pan nyuil pipine kayong bakale ora sempet soale tangane reflek nyuil bandenge wkwkwkw 

ye bandeng sambel menjeng karo sega cukup 10ewu perak, murah lah yah.. dari pada nengkep bandenge dewek, nyisiki dewek, mbakar dewek, gurung ngeliwet segane napa, karo ngerus sambele...lahhh kayong suka gari mangan li penak hihi... yuh pada mampir ning laut soka padaharja sedulur emen pariwisata desane dewek semakin di kenal uwong...

Sing ora doyan bandeng, ning kono akeh kuliner liyane ka,,, ana Lok Lok, Mendoan, Sega Bakar, Terus akeh wis pokoke,,, ngo sing durung tau mono, giyan mono,,, hihihihi....

Bagikan artikel ini: